Tampilkan di aplikasi

Buku MNC Publishing hanya dapat dibaca di aplikasi myedisi reader pada Android smartphone, tablet, iPhone dan iPad.

Emak, Sayak, Lan Hem Kothak-Kothak

Kumpulan Crita Cekak

1 Pembaca
Rp 35.000

Patungan hingga 5 orang pembaca
Hemat beli buku bersama 2 atau dengan 4 teman lainnya. Pelajari pembelian patungan disini

3 Pembaca
Rp 105.000 13%
Rp 30.333 /orang
Rp 91.000

5 Pembaca
Rp 175.000 20%
Rp 28.000 /orang
Rp 140.000

Pembelian grup
Pembelian buku digital dilayani oleh penerbit untuk mendapatkan harga khusus.
Hubungi penerbit

Perpustakaan
Buku ini dapat dibeli sebagai koleksi perpustakaan digital. myedisi library

Diqin ora bisa ndhelikake rasa gela atine. Ing longan. Ing ngisore lumpang watu. Apa ing sangisore kasur lan bantal. Rasa gela kuwi ora bisa mengkono wae didhelikake. Atine Diqin gela banget. Olehe nggadhang-nggadhang supaya bisa ketemu klawan Sri sang pepujaning ati musna kaya godhong garing kang ketiyup angin.

Wis sewulan Diqin ora ketemu klawan Sri Rejeki, prawane Lik Arjo sing ayune tumpuk undhung pindha Alyssa Soebandono bintang sinetron anake Pakpuh Soebandono. Wiwit Diqin manut kandhane Kusen supaya melu dheweke kerja neng kutha patang wulan kepungkur. Babar blas Diqin ora ndhuweni kesempatan kanggo ketemu lan ngramut ngramut kembang-kembang katresnan kang lagi ditandur jroning taman sari ing atine Sri.

Ikhtisar Lengkap   
Penulis: Andralelana Broto
Editor: Andralelana Broto

Penerbit: MNC Publishing
ISBN: 9786026931061
Terbit: April 2023 , 169 Halaman










Ikhtisar

Diqin ora bisa ndhelikake rasa gela atine. Ing longan. Ing ngisore lumpang watu. Apa ing sangisore kasur lan bantal. Rasa gela kuwi ora bisa mengkono wae didhelikake. Atine Diqin gela banget. Olehe nggadhang-nggadhang supaya bisa ketemu klawan Sri sang pepujaning ati musna kaya godhong garing kang ketiyup angin.

Wis sewulan Diqin ora ketemu klawan Sri Rejeki, prawane Lik Arjo sing ayune tumpuk undhung pindha Alyssa Soebandono bintang sinetron anake Pakpuh Soebandono. Wiwit Diqin manut kandhane Kusen supaya melu dheweke kerja neng kutha patang wulan kepungkur. Babar blas Diqin ora ndhuweni kesempatan kanggo ketemu lan ngramut ngramut kembang-kembang katresnan kang lagi ditandur jroning taman sari ing atine Sri.

Pendahuluan / Prolog

Emak, Sayak, Lan Hem Kothak-Kothak
Kinanthi rasa syukur kebak pangayubagya, buku kumpulan crita cekak (kumcrikak) atetenger “Emak, Sayak, Lan Hem Kothak-Kothak” punika akhire saged kababar. Menawa dietang-etung, sejatine wis tetaunan para kadang, mitra, apadene kanca kang nyambung tali silahturahim mung saka jagad maya aweh panjurung supaya crikak-crikak karanganku kang nate kapacak ing udyana-udyana abasa Jawa bisa kababar sajroning buku.
Luwih-luwih, para kadang lan mitra sutresna Sastra Jawa Gagrak Anyar. Eling-eling, buku-buku babaran Sastra Jawa Gagrak Anyar klebu sethithik yen disandingake klawan buku-buku babaran Sastra Sunda lan karya sastra daerah liya-liyane. Kamangka, Basa Jawa klebu basa daerah kang paling akeh sing ndadekake minangka basa sesrawungan saben dinane kabanding basa daerah liyaliyane. Tekan dina iki, basa Jawa kagunakake minangka basa pasrawungan ing Jawa Timur, Jawa Tengah, Yogyakarta, Bali, lan Suriname

Atur Sapala
Kinanthi rasa syukur kebak pangayubagya, buku kumpulan crita cekak (kumcrikak) atetenger “Emak, Sayak, Lan Hem Kothak-Kothak” punika akhire saged kababar. Menawa dietang-etung, sejatine wis tetaunan para kadang, mitra, apadene kanca kang nyambung tali silahturahim mung saka jagad maya aweh panjurung supaya crikak-crikak karanganku kang nate kapacak ing udyana-udyana abasa Jawa bisa kababar sajroning buku.

Luwih-luwih, para kadang lan mitra sutresna Sastra Jawa Gagrak Anyar. Eling-eling, buku-buku babaran Sastra Jawa Gagrak Anyar klebu sethithik yen disandingake klawan buku-buku babaran Sastra Sunda lan karya sastra daerah liya-liyane. Kamangka, Basa Jawa klebu basa daerah kang paling akeh sing ndadekake minangka basa sesrawungan saben dinane kabanding basa daerah liyaliyane.

Tekan dina iki, basa Jawa kagunakake minangka basa pasrawungan ing Jawa Timur, Jawa Tengah, Yogyakarta, Bali, lan Suriname (Republika, 02/11/2014).

Apamaneh, aku klebu pengarang kang ora utun nglumpukake karangan kang nate kapacak ing udyanaudyana, apa maneh kang ora kapacak, kamangka wis ora ketung maneh crita cekak, geguritan, lan artikel lepas kang kapacak ing udyana-udyana abasa Jawa (Jaya Baya, Panjebar Semangat, jenate Mekarsari lan Jaka Lodang, Solo Pos, lsp) wiwit taun 90-an nalika wiwitan ajar nulis ika-nulis iki. Mula, buku kumcrikak atetenger “Emak, Sayak, Lan Hem Kothak-Kothak” punika salah sawijining upaya kanggo mangsuli panjurunge para kadang lan mitra sutresna Jawa, uga sawijining upaya kanggo nglumpukake crikak-crikak karanganku kang pating slengkrah ing lemari, tumpukan buku, hardisk komputer, lan flashdisk.

Pindha tumbu ketemu tutup, kekarepan mbabar buku kang ngamot crikak-crikak karanganku cundhuk klawan kekarepane para kadang Serikat Buku Mojokerto (Serbu). Para kadang ing Serbu nduweni gegayuhan kanggo mbabar buku-buku karangane warga Mojokerto.

Saliyane, minangka salah sawijining upaya kanggo nggrengsengka memaca lan nulis ing Mojokerto, mbabar buku-buku karangane warga Mojokerto uga upaya kanggo mbangun Mojokerto jejer salah sawijining kutha kang onjo ing babagan seni, budaya, lan sastra ing nuswantara.

Punika crita sethithik ing walike babaran buku kumcrikak atetenger “Emak, Sayak, Lan Hem Kothak- Kothak” iki. Ana 15 (limalas) judul crikak jroning buku iki lan saben judul crikak nggawa lelakon seje, senadyanta ana siji-loro ana kang ngemu surasa kang padha. Wiwit saka lelakon ngenani katresnan, selingkuh, alaming lelembut, tekan warisan. Lelakon ngenani katresnan bisa katemokake jroning crikak “Tragedi Tali Kotang”, lan “Tresna Kang Prasaja”. Dene, selingkuh dadi sumbu milining prastawa-prastawa jroning crikak “Besut Selingkuh”, Turu Gerdu”, uga “Dudu Mawar Biru”. Crikak “Ira” lan “Mbah Tom” kanthi jenak nyritakake ngenani alaming lelembut. Crikak ajudul “Warisan” mbabar ruwet-rentenge dum-duman warisan sajroning kulawarga.

Sejening lelakon ing crikak-crikak iki menehi pratandha yen sejatine ana crita tumrapku (minangka pengarang) kang dadi tuking inspirasi-imajinasi nuli mletik jejer sawijining crita cekak. Kayadhene Crikak “Tragedi Tali Kotang”, sepisanan ngrungokake lagu campursari Tragedi Tali Kotang-e Cak Diqin liwat radio, aku wis duwe imajinasi ngenani paraga lan konflik sawijining crita. Nuli, daktutugake jejer sawijining crita cekak. Judul, jenenge paraga, nganti pedhoting tali katresnan amarga ora disarujuki wong tuwa jroning crikak iki nuduhake yen lagu campursari iki kang dadi tuking inspirasi. Semono uga crikak “Dudu Mawar Biru”, endahing surasa jroning lagu campursari Mawar Biru nggugah imajinasiku mbabar crikak kang ana gandengcenenge klawan lagu kuwi.

Nanging surasaning lagu campursari ora dadi crita sawalike crikak ajudul “Besut Selingkuh?”, “Turu Gerdu”, lan “Randha Teles Kampung Mblarak”. Crikak loro iki malah ngangkat lelakon ngenani selingkuh jroning bebrayan rumah tangga. Paraga Besut jroning crikak “Besut Selingkuh” kagodha ngiyanati tresnaning Rusmini, bojone. Dene Crikak “Turu Gerdu” matengake lelakon selingkuh jroning bebrayan kanthi bumbu CLBK (Congcongan Lawas Bali Kemliwer, pen), alias neklek kecemplung kalen, timbang golak-golek aluwung balen).

Dene donyaning pasinaon ing sekolahan apadene bangku kuliyah uga narik kawigaten gedhe tumrap bebrayan Jawa. Crikak “Laptop Anyar” apadhene “Sang Dhalang Mudha” ngangkat sekolah klawan sakehing botrepote minangka setting lan tuking konflik crita.

Tumrapku, lelakon selingkuh jroning bebrayan lan donyaning pasinaon isih dadi tema kang narik (calon) pemaos crikak-crikak karanganku lan udyana kang kersa ngamot crikak-crikak caranganku.

Semono uga lelakon-lelakon kang gegayutan klawan alaming lelembut. Tema iki isih narik kawigatene bebrayan Jawa. Cerkak ajudul “Ira” lan “Mbah Tom” kang nate kamot ing udyana Panjebar Semangat lan Solo Pos nuduhake jejer tandha yen bebrayan Jawa isih nduweni kawigaten gedhe tumrap donyaning santhet, ngelmu gaib, gendruwo, pocong, sundel bolong, ilu-ilu, banaspati, engklek-engklek, balung tandhak, glundhung pringis, lsp.

Isih akeh crita-crita kang ana sawalike crita jroning crikak-crikak ing buku kumcrikak “Emak, Sayak, Lan Hem Kothak-Kothak” iki kang ora bisa dakandharake ing kene.

Crikak ajudul “Warisan”, “Mas Bandeng”, Bapak Polah Anak Kepradhah, luwih-luwih “Emak, Sayak, Lan Hem Kothak-Kothak” nyimpen crita mobah-mosiking imajinasi sawise/ lagi tengah nyipati kahanan ing kiwa-tengenku minangka pengarang. Perkara dum-duman warisan, pilkades, nganti basa Jawa Etanan kang kagunakake jroning crikak kang kapilih dadi judul buku kumcrikak iki nggembol crita dawa nglawer kayadhene buntut ula, kamangka andharan iki mung minangka ‘atur sapala’.

Gedhe pengarep-arepku, minangka pengarang, sawise bakal mili crita-crita seje para pamaos kang kinurmat kersa ngrahapi crikak-crikak jroning buku kumcrikak “Emak, Sayak, Lan Hem Kothak-Kothak” punika. Crita-crita saka pamaos kang kebak renaming ati mula sumangga wilujeng ngrahapi buku kumcrikak “Emak, Sayak, Lan Hem Kothak-Kothak” kanthi trusing ati.

Trowulan, 12-11-2015

Anjrah Lelono Broto

Daftar Isi

Cover Depan
Halaman Hak Cipta
Atur Sapala
Isen-Isen
1. Tragedi Tali Kotang
2. Tresna Kang Prasaja
3. Bapak
4. Laptop Anyar
5. Randha Teles Kampung Mblarak
6. Sang Dhalang Mudha
7. Bapak Polah Anak Kepradah
8. Ira
9. Mbah Tom
10. Mas Bandeng
11. Besut Selingkuh?
12. Turu Gerdu
13. Dudu Mawar Biru
14. Warisan
15. Emak, Sayak, Lan Hem Kothak-Kothak
Nate Kamot
Biodata Pangripta