Tampilkan di aplikasi

Buku Cipta Prima Nusantara hanya dapat dibaca di aplikasi myedisi reader pada Android smartphone, tablet, iPhone dan iPad.

Lakon ketoprak Mustikaning Tuban

1 Pembaca
Rp 75.000

Patungan hingga 5 orang pembaca
Hemat beli buku bersama 2 atau dengan 4 teman lainnya. Pelajari pembelian patungan disini

3 Pembaca
Rp 225.000 13%
Rp 65.000 /orang
Rp 195.000

5 Pembaca
Rp 375.000 20%
Rp 60.000 /orang
Rp 300.000

Pembelian grup
Pembelian buku digital dilayani oleh penerbit untuk mendapatkan harga khusus.
Hubungi penerbit

Perpustakaan
Buku ini dapat dibeli sebagai koleksi perpustakaan digital. myedisi library

Sri Huning lan Wiratmaya sejatine padha tresnane. Nanging kanggone Sri Huning, ana pepalang gedhe. Kekarone seduluran. Padha-padha putrane Adipati Tuban Siralawe. Nanging Wiratmaya ngerti kang sejatine. Mula dicritakake lelakon kawuri, lelakone abdi kinasihe Adipati Ranggalawe ing Tuban kang aran Wangsapati duk ing uni. Wangsapati gugur ing madyalaga sabela marang bendarane kang tandhing tyasa karo Adipati Blambangan, Minakjingga. Wangsapati iku sejatine sudarmane Sri Huning. Nanging katresnane Sri Huning kena pepalang gedhe maneh. Wiratmaya kadhung dipacangake karo putri Bajanegara, Kumalaretna.

Ikhtisar Lengkap   
Penulis: Sucipto Hadi Purnomo

Penerbit: Cipta Prima Nusantara
ISBN: 9786233803359
Terbit: Juli 2023 , 97 Halaman

BUKU SERUPA










Ikhtisar

Sri Huning lan Wiratmaya sejatine padha tresnane. Nanging kanggone Sri Huning, ana pepalang gedhe. Kekarone seduluran. Padha-padha putrane Adipati Tuban Siralawe. Nanging Wiratmaya ngerti kang sejatine. Mula dicritakake lelakon kawuri, lelakone abdi kinasihe Adipati Ranggalawe ing Tuban kang aran Wangsapati duk ing uni. Wangsapati gugur ing madyalaga sabela marang bendarane kang tandhing tyasa karo Adipati Blambangan, Minakjingga. Wangsapati iku sejatine sudarmane Sri Huning. Nanging katresnane Sri Huning kena pepalang gedhe maneh. Wiratmaya kadhung dipacangake karo putri Bajanegara, Kumalaretna.

Pendahuluan / Prolog

Lakon ketoprak Mustikaning Tuban
Buku Lakon Kethoprak Mustikaking Tuban iki karakit minangka perangan asiling pangripta. Jroning ngrakit crita iki, panulis makarya bebarengan karo grup kethoprak Wahyu Manggolo pimpinane Mas Mogol. Dene sanggare dedunung ing Desa Tanjungsari Kecamatan Jakenen Kabupaten Pati, Jawa Tengah.

Kaya kang kawuningan, Wahyu Manggolo mujudake grup kethoprak kawentar ing tlatah Pathi sakiwa-tengene. Grup kethoprak iki kapetung paling laris tanggapan. Tanggapane Ȋdalam rangkaȋ werna-werna, kayata mantu, sunatan utawa tetakan, sedhekah bumi utawa bersih desa, sedhekah laut, pitulasan, lan syukuran liyane. Ing Ȋsasi-sasi apikȋ jroning penanggalan Jawa, kayata Ruwah, Sawal, Apit, lan Besar, kethoprak iki awan-wengi prasasat tanpa kendhat anggone pentas. Yen dietung, setaune ora kurang saka 150 tanggapan.

Kamangka saben tanggapan, antarane rina lan wengi, lakon sing digelar beda. Iku ateges, setahun ora kurang saka 300 lakon digelar, senajan antarane tanggapan siji lan sijine bisa uga padha lakone. Salah sijene lakon sing kerep digelar yaiku Sri Huning Mustika Tuban. Iki lakon kang nyritakake katresnane Sri Huning lan Raden Wiratmaya, putrane Adipati Tuban Siralawe. Padhapadha tresnane, nanging pungkasane ora nyawiji Amarga Wiratmaya didhaupake karo Kumalaretna, putra Adipati Bajanegara. Dene lakon Mustikaning Tuban iki, ora mung kandheg nyritakake Sri Huning-Wiratmaya, nanging uga kaprawirane leluhure kang asma Ranggalawe nalika tandhing tyasa karo Adipati Blambangan Minakjingga. Dene Ranggalawe kabiyantu dening abdine kang aran Wangsapati. Crita loro, Sri Huning lan Ranggalawe didadekake dadi lakon siji.

Kanggone Wahyu Manggolo, ora mung pisan-pindho anggone nindakake lakon iki. Wis puluhan, kapara atusan nggelar lakon iki. Ewasemono para penonton uga ora ana bosene ngrahabi lakon kang klebu dramatis iki, klebu para pemaine. Sebab tumrape para paraga kethoprak, saben pagelaran senajan lakone padha, sejatine mujudake penciptaan maneh.

Ing laladan Pathi, ora mung Wahyu Manggolo grup kethoprak kang tanggapane nganti ping atusan saben taune. Grup-grup Ȋkethoprak gedheȋ liyane uga ora nate sepi saka tanggapan. Iku sing njalari tumrape para paraga kethoprak, sajrone ngethoprak iku wis ora dibutuhake maneh sing jenenge penuangan, apamaneh naskah lakon kethoprak kanthi jangkep sing ndadak kudu diaplake kayadene nalika main teater modern kae. Meh kabeh dhasare improvisasi, sanajan satemene kang diucapake utawa ditindakake ora uwal saka apa kang diarani karo sistem formulaik.

Dene anggone ngucapake tetembungan, klebu unggahungguhe basa lan lelewane basa, mung adhedhasar nguping utawa rungon-rungon. Kepriye sing diucapake lan ditindakake dening para kethoprak sadurunge, luwih-luwih sing dianggep mumpuni, ya iku sing ditiru. Kamangka, bisa uga tetembungan mau sejatine ora pas utawa malah luput.

Bali marang uripe kethoprak. Kaanane dadi walikan 180 derajad nalika dumadi paglebug COVID-19 wiwit taun 2000. Awit saka anane pembatasan sosial (social distancing), ora dikeparengake nglumpukake wong kanthi cacah akeh, klebu nganakake pagelaran kethoprak kanthi penonton atusan kaya lumrahe. Puluhan tanggapan manggung ora bisa diwujudake. Kabeh batal. Para pemain padha nganggur.

Kahanan mau mesthi wae dadi musibah tumrap para paraga kethoprak sing sasuwene iki tansah nggantungake pangupa jiwane saka seni pertunjukan tradisional iki. Nanging ing suwalike musibah, tansah ana berkah. Berkahe, para paraga nduwe kesempatan kanggo ngulir budi, gawe sarasehansarasehan lan dialog winates kanggo nglimbang lan nimbang kreasi jroning pagelaran.

Buku Lakon Kethoprak Mustikaning Tuban iki sejatine lair saka swasana kang kaya mangkono. Sekawit, padha judheg kepriye carane bisa uwal saka kaaanan sing sarwa susah kasebut: ora bisa pentas, ora bisa ngapa-ngapa. Sabanjure, nyoba ngothakngatik kaya ngapa mungguh perlune nindakake apa kang diarani kanthi reformulasi pagelaran kethoprak. Mula kawawas, ora ana cara liya kejaba gawe lakon jangkep kang bisa dadi pancadan, syukur-syukur gegaran, kanggo nindakake pagelaran.

Tumrape para kethoprak sing wis kawak awu, lakon jangkep kaya ngene iki mbokmenawa dianggep wis ora perlu maneh. Kamangka, ing tataran verbal, teks kang ana ing lakon iki bisa dadi srana nandhing-nandhingake apa satemene kang wis kulina dicapake wis jumbuh lan trep. Dene tumrap kang anyar katon ing jagade kethoprak, lakon iki temen-temen bisa pancadan lan gegeran kanggo main kethoprak.

Ing wasana, pangripta nelakake gunging panuwun marang Mas Mogol lan kulawarga agung Wahyu Manggala sing wis paring panjurung lan panyengkuyung tumrap kupiya prasaja iki. Dene tumrap para maos, luwih-luwih para lebda ing reh kethoprak, tansah diajab panyaruwe lan pangudi hayune murih saya renggep naskah kang ora mingsra iki. Nuwun.

Penulis

Sucipto Hadi Purnomo - Sucipto Hadi Purnomo lair ing Pati, Jawa Tengah. Tilas edhitor Suara Merdeka iki nulis sawetara buku, kayata Wong Jawa Kok (Ora) Ngapusi, Belajar Dusta di Sekolah Kita, Siswaku Kepala Desaku, lan Drama Tradisional Jawa sarta crita sambung Saridin Mokong. Kejaba dadi dosen ing Jurusan Bahasa dan Sastra Jawa Universitas Negeri Semarang, Ketua Organisasi Pengarang Sastra Jawa (OPSJ) iki wiwit 2016 kadhapuk ing Tim Evaluasi Kinerja Akademik Perguruan Tinggi (Tim EKPT) Kemendikbud Ristek. Paneliti seni kethoprak iki uga nate nampa Anugerah Kebudayaan Rancage amarga dianggep gedhe lelabuhane tumrap basa lan sastra Jawa.

Daftar Isi

Cover
Judul
Pangiring
Isine Buku
Paraga
Kelir 1
Kelir II
Kelir III
Kelir IV
Kelir V
Kelir VII
Kelir IX
Kelir XI
Kelir XII
Kelir XIII
Penulis