Tampilkan di aplikasi

Buku Garudhawaca hanya dapat dibaca di aplikasi myedisi reader pada Android smartphone, tablet, iPhone dan iPad.

Serat Plerok

Kumpulan puisi Jawa

1 Pembaca
Rp 40.000 50%
Rp 20.000

Patungan hingga 5 orang pembaca
Hemat beli buku bersama 2 atau dengan 4 teman lainnya. Pelajari pembelian patungan disini

3 Pembaca
Rp 60.000 13%
Rp 17.333 /orang
Rp 52.000

5 Pembaca
Rp 100.000 20%
Rp 16.000 /orang
Rp 80.000

Perpustakaan
Buku ini dapat dibeli sebagai koleksi perpustakaan digital. myedisi library

Serat Plerok : kumpulan puisi Jawa (geguritan) karya Yusuf Susilo Hartono ini bisa disebut sebagai geguritan yang cukup “kontemporer” dalam konteks karya sastra jawa. Ia melakukan eksplorasi yang tidak lazim dilakukan oleh sastrawan Jawa lainnya hingga saat ini. Bukan sesuatu yang terlampau aneh sebenarnya, misal hanya soal typografi center yang ia pakai, juga penulisan puisi yang tanpa judul. Namun rupanya ia juga menggendong perenungan yang hebat, tentang bagaimana manusia ingin berada di “tengah” dalam segala sesuatu, bagaimana ini jga melambangkan ketuhanan, juga mistisisme sastra jawa melalui “dhong-dhing” atau rima kata yang memiliki efek magis pembacanya.

Ikhtisar Lengkap    Bahasa: Jawa


Penulis: Yusuf Susilo Hartono

Penerbit: Garudhawaca
ISBN: 9786027949997
Terbit: Desember 2016 , 102 Halaman

BUKU SERUPA













Ikhtisar

Serat Plerok : kumpulan puisi Jawa (geguritan) karya Yusuf Susilo Hartono ini bisa disebut sebagai geguritan yang cukup “kontemporer” dalam konteks karya sastra jawa. Ia melakukan eksplorasi yang tidak lazim dilakukan oleh sastrawan Jawa lainnya hingga saat ini. Bukan sesuatu yang terlampau aneh sebenarnya, misal hanya soal typografi center yang ia pakai, juga penulisan puisi yang tanpa judul. Namun rupanya ia juga menggendong perenungan yang hebat, tentang bagaimana manusia ingin berada di “tengah” dalam segala sesuatu, bagaimana ini jga melambangkan ketuhanan, juga mistisisme sastra jawa melalui “dhong-dhing” atau rima kata yang memiliki efek magis pembacanya.

Ulasan Editorial

Kanggo nggagapi Serat Plerok ora cukup maca pisan pindho, marga jerone kandhutan maknane. Gurit cacah 58 ing Serat Plerok iki, modhel utawa cara panulise ora kaya umume nulis gurit gagrak anyar. Sing umum penulis nggunakake tipografi rata kiwa, kala-kala ana sing nulis tipografi rata tengen. Panulise mawa tipografi senter. Ora coba-coba nulis gurit modhel tipografi senter (tengah). Penggurit sing nate nyoba nulis ngono mau kang dak prangguli antara liya Lesmanadewa Poerbokusumo (Malang) , Poer Adhi Prawoto (Blora), Suwardi Endraswara (Yogya). Nanging ora akeh, sajake mung coba-coba. Beda karo YSH, sabuku kabeh katulis nganggo tipografi senter.

Saka pamawasku, iki ora mung prakara manjila amarga ditulis sistim tipografi center, iki ana sesambungane antarane urip lan kang paring urip. Kawula (YSH) karo Gustine, kalamun urip iki kudu tansah eling karo Gusti kang akarya jagad. Saben gatra gurite ora ucul saka anggone ngagungake panguwose Gusti Allah. Lan ing kono, saben gurite ana sa tembung kang katulis kandel. Ya gene kok mung sa tembung? Cetha iki arahe pepeling kalamun kang mengku alam sawegung iki iya mung kang Maha siji

J.F.X. Hoery

Saka geguritan sing cacahe 58 (seket wolu) ing sekar-setaman ini, aku nemokake (muga-muga bener) tembung Kélangan iku cacahe ana 21 (selikur) ing geguritan angka 1, 7, 8, 10, 11 (x2), 13 (x2), 16, 18, 25, 27, 29, 30, 33, 44 (x2), 47, 52 (x2), lan 53. Dene “Ilang” ing geguritan angka 3 (x2), 7 (x2), 18 (x2), 19 (x5), 44, lan 56. Dadi, tembung “ilang”/“kélangan” banjur ngosikake pangangen-angenku. Kenangapa ya Kangmas Yusuf Susilo Hartono kok nulisake tembung mangkono mau nganti makaping-kaping? Sajake ana sing dadi penggalihane gegayutan karo “ilang”/”kélangan”.

Sapa ta sing ora bakal getun lan sedhih yen nganti “ilang”/“kélangan”? Apa maneh marang darbeke sing sipate pribadi. Awit barang darbeke sing pribadi iku mesthi gedhe banget pangajine mungguhe urip. Sing gedhe pangajine kuwi apa? Apa sing dadi piandel/jatidhirine ora liya “kawruh luhur” (apa-apa sing bisa marakake manungsa dadi duwe aji) kabudayan lan spiritual Jawa. Seprana-serprene, kawruh luhur mau—diakoni apa ora—dadi dayane wong-wong Jawa anggone bisa mecaki jantraning urip sing wus diparingake dening Sang Maha Wikan, nanging saiki mbaka disethithik (utawa akeh) padha ditinggalake utawa dilalekake. Alasane werna-werna, ana sing kandha yen maca (apa maneh mangerteni basa) tulisan basa (apa maneh aksara) Jawa kuwi angel; ana sing mocap ‘kanggo apa kawruh luhur kuwi jaman saiki’? Pokoke akeh yen dijereng-digelar

Dhanu Priyo Prabowo

Pendahuluan / Prolog

Ater-Ater (Pengantar)
Antologi geguritanku iki tak wenehi irah-irahan Serat Plerok. Ngemot 58 geguritan (jumbuh karo umurku 58 tahun ing tahun 2016). Saben gurit ngemu batin lan wanda (rupa)-ne dhewe-dhewe. Wanda (visual typography) mengkono mau, kedaden amarga cacahe huruf, tembung, lan tegese kang beda. Sak weruhku, ing tlatah puisi Jawa, babagan visual thypography, iki durung dadi kawigatene para akademisi.

Serat Plerok tak tulis wiwit tahun 2015. Alhamdulillah, rampung dhek pasa Ramadhan 2016, nyundhul antologi geguritan Serat Silonegoro, kang lagi tak tulis alon-alon. Nalika geguritan-geguritan Serat Plerok mbaka siji nyandhung nyrimpet, rebut ducung, njaluk lair ing alam donya, aku ora kuwawa nyandhet. Prastawa iki, nambah aku nglenggana lan pracaya, saben karya seni iku urip, nduweni umur, lelakon lan rahmate dhewe-dhewe. Piye nasibe Serat Plerok – minangka anak ideologisku-- ing tembe? Sumangga, tak pasrahake marang daya lan dalan uripe dhewe. Kanthi ndedonga, la haula wa la quwwata illa billah Saktemene Serat Plerok iki, minangka ikhtiarku luwar saka “zona aman lan nyaman” sakjrone proses kreativitasku, minangka penyair Jawa ing tlatah metropolitan Jakarta. Kang golek dalan anyar “mleroki” (rewes) marang kahanan jaman saiki, uga kahanan ing njaba lan sakjrone batinku, batin Jawa, batin Indonesia, batin ndonya. Prakara kasil orane, kepriye bobot estetikane, iku tugase para kritikus sastra Jawa aweh pambiji. Tugasku kang utama, tak ambali sepisan maneh, tansah golek dalan anyar, kareben geguritan ana guna paedahe kanggo bebrayan.


Penulis

Yusuf Susilo Hartono - Yusuf Susilo Hartono lahir di Bojonegoro, Jawa Timur pada 15 Maret 1958. Menempuh pendidikan guru di SPG dan IKIP, dan mulai berkiprah kesenian di Surabaya pada tahun 1980. Dari aktivitasnya di dunia melukis, menulis dan teater, ia kemudian berinteraksi dengan para penulis sastra Jawa di Jawa Timur dan kemudian turut menggelutinya. Yusuf Susilo Hartono termasuk salah satu pendiri komunitas Pamarsudi Sastra Jawi Bojonegoro (PSBJ) pada tahun 1982.
Tahun 1986 Ia mundur dari profesi guru dan memasuki dunia jurnalistik dengan bekerja sebagai jurnalis Surabaya Post untuk kantor perwakilan Jakarta. Sejak itu ia berkiprah di dunia kewartawanan baik dalam organisasi PWI dan menduduki jabatan-jabatan redaksi di berbagai media seperti Majalah Kabare, Majalah Visual Arts, Majalah Galeri dan sebagainya. Meski aktif di bidang jurnalistik, Yusuf tetap melukis dan mengikuti berbagai pameran seni rupa serta tetap menggeluti penulisan sastra Jawa. Setelah tahun 2000an, Yusuf kembali menengok PSBJ dan semakin aktif dalam dinamika sastra Jawa.

Daftar Isi

verso
Daftar Isi
Ater-Ater - Yusuf Susilo Hartono
Tintingan - JFX Hoery
Tintingan - Dhanu Priyo Prabowo
Serat Plerok
Lelakone YSH - JFX Hoery