Tampilkan di aplikasi

Buku MNC Publishing hanya dapat dibaca di aplikasi myedisi reader pada Android smartphone, tablet, iPhone dan iPad.

Kumpulan Geguritan Titip Kangen

1 Pembaca
Rp 35.000 17%
Rp 29.000

Patungan hingga 5 orang pembaca
Hemat beli buku bersama 2 atau dengan 4 teman lainnya. Pelajari pembelian patungan disini

3 Pembaca
Rp 87.000 13%
Rp 25.133 /orang
Rp 75.400

5 Pembaca
Rp 145.000 20%
Rp 23.200 /orang
Rp 116.000

Pembelian grup
Pembelian buku digital dilayani oleh penerbit untuk mendapatkan harga khusus.
Hubungi penerbit

Perpustakaan
Buku ini dapat dibeli sebagai koleksi perpustakaan digital. myedisi library

Nyawang sajadah
Wanci subuh iki aku dadi kelingan
Urip kang gubrah
Kebak dosa-dosaning titah
Dosa lan panandang panguripan
Dhuh Gusti dhuh Pangeran
Mugi tinebihna ing kadurakan
Papa cintraka lan alangan
Gegodhongan lontar siwalan
Mratandhani yen Gusti sih tresna marang insan

Ikhtisar Lengkap   
Penulis: Safandi Mardinata

Penerbit: MNC Publishing
ISBN: 9786026931955
Terbit: Maret 2022 , 83 Halaman

BUKU SERUPA













Ikhtisar

Nyawang sajadah
Wanci subuh iki aku dadi kelingan
Urip kang gubrah
Kebak dosa-dosaning titah
Dosa lan panandang panguripan
Dhuh Gusti dhuh Pangeran
Mugi tinebihna ing kadurakan
Papa cintraka lan alangan
Gegodhongan lontar siwalan
Mratandhani yen Gusti sih tresna marang insan

Pendahuluan / Prolog

Pangumbaraning Angen-Angen
Kawiwitan dening puja lan puji syukur ana ngarsane Gusti Allah SWT lan Rasul Kanjeng Nabi Muhammad SAW, penulis nyugatake antologi geguritan Titip Kangen iki marang kabeh sutresna sastra Jawa. Kababare antologi geguritan Titip Kangen iki dikantheni pangajab amrih lestarining sastra Jawa kang dinane iki saya susut peminate ing pasrawungan saben dinane.

Ora bisa dipungkiri maneh, anane pasrawungan tingkat global kang saiki digalakake ana saindhenging bumi nuswantara sithik-akeh bakal nggerus kabudayankabudayan lokal. Kabudayan-kabudayan manca bakal lumebu ing nuswantara kanthi jor-joran lan angel dibendhung, apa maneh dibarengi karo kemajuan ing babakan teknologi, prasasat gumrojog tanpa larapan sawernane kabudayan lan produk manca lumebu ing Indonesia.

Ana panganggep yen generasi muda kok dadak ngleluri kabudayan lokal kuwi sawijining bab kang kuno lan aneh. Generasi muda kudune gaul lan melu anut perkembangane jaman lan teknologi. Bab kuwi mau ora bener lan uga ora salah, lho kok? Ing atase generasi muda pancen wis samesthine melu anut perkembangane jaman supaya kemajuan bangsa saya ngrembaka, nanging generasi muda uga diajab ora nglalekake cikal-bakal.

Tegese, masiya para mudha kuwi prasasat canggih lan pintere sundhul langit, mbokya ora bakal kelakon tanpa panyengkuyunge para leluhur, dadi kudu tansah eling lan ngajeni marang nilai-nilai luhur kang salawase iki wus dadi budaya generasi sadurunge.

Geguritan, tumrape penulis, mujudake sawijing bab kang ora bisa dipisahake saka uripe sawiji titah. Geguritan minangka sarana kanggo motret kahanan saindhenging jagad kang nate diambah manungsa. Saliyane kuwi, geguritan uga minangka sarana motret rasa pangrasa sajroning batine penulis lan pawongan liyane.

Manungsa, dening Gusti Kang Akarya Jagad, disangoni akal pikiran lan nafsu. Yen samangsa manungsa mau menangi sawijining kahanan utawa kedadeyan, banjur mlaku akal pikirane, mula banjur tuwuh rasa pangrasane.

Kodrating manungsa minangka makhluk kang seneng marang kaendahan, melu nyengkuyung penulis kanggo ngripta sawernaning geguritan kang diaturake ana antologi iki. Kayadene pawongan kang lagi sedhih, nandhang duhkita, bungah, katresnan, kaendahan alam, rusake lingkungan, pengalaman pribadhi lsp. Bisa dadi sumber kang murakabi kanggone penulis ing ndalem ngripta geguritan. Ananging kabeh mau yen mung ditulis apa anane bakal ora narik kawigaten para sutresna sastra Jawa, kabeh mau mbutuhake sawijining imajinasi utawa daya khayal kanggo nambah kaendahan ukara.

Pungkasane, penulis ngaturake agunging panuwun marang para sutresna ingkang sampun kersa maos kumpulan geguritan punika, penulis ugi ngakeni bilih antologi geguritan punika tebih saking kasampurnan. Pramila penulis nyuwun agunging pangaksama lan penulis ugi ngrantu kritik lan saran saking para wasis, sarjana sujana, lan para sutresna sedaya. Nuwun.

(Safandi Mardinata)

Daftar Isi

Cover
Ature Penulis: Pangumbaraning Angen-Angen
Isen-Isen
Nyawang Sajadah
Layang Marang Bengawan
Tumlawung
Kasunyatan Larung
Dalan Kebak Rawe
Wengi Kembang Randhu
Ornamen Banyu Udan ing Kaca Lyn
Sumendhe (1)
Sumendhe (2)
Wong Bojonegoro
Japa Tundhung Ketiga
Tembang Papringan
Apa Panjenengan Pangling?
Kangen Biru
Gurit Sepa
Sonet Cangkruk
Omah Riwayat (1)
Omah Riwayat (2)
Sawijining Bab Saka Mangsa Kawuri
Bathik Motif Klewang
Esem Sawijining Subuh
Gurit Candhikala
Gurit Saka Terminal Pungkasan
Sapa Sing Nrabas Alang-Alang?
Dakrungokake Bun kang Tumetes
Guritku Polah
Tresna Surak
Kumleyang Tresnaku Sayang
Angin Ngguyu
Udan Bali Nlesih Atiku
Njanur Gunung
Harmoni
Paseksene Udan ana Sawijining Tritis
Udan Sore
Grimis Isuk
Trenyuh kang Bali Sumampir
Udan Mletik
Dakunekake Perkutut Manggung
Prihatin
Titip Kangen
Ngaso(k) Kangenku
Kenya Kuwi Wis Dadi Geguritan
Nalika Sepur Liwat (1)
Nalika Sepur Liwat (2)
Embuh
Ana Salembar Karcis (1)
Ana Salembar Karcis (2)
Prasaja
Rembulan Ing Langit Trowulan
Refrein Ing Sawijining Tahajud
Gurit Kembang Mekrok
Deskripsi Ati
Deskripsi Wuyung
Gadget
Sumarah
Apa Kuwi Sliramu?
Kangen Ngrembuyung
Nglangut
Dalan Kang Isih Sepi
Sasmita
Lumantar Bun Dheweke Kirim Kabar
Biyen Nate Daktutke Wewayanganmu
Epilog
Biodata Penulis